JINIS-JINIS LAYANG DALAM BAHASA JAWA
Layang
minangka salah sawijining sarana komunikasi kang saiki isih akeh dienggo. Kuwi
jalaran ragad kang dienggo ngirimake luwih murah tinimbang sarana komunikasi
liyane.
1.
Layang Kitir
Layang
Kitir yaiku layang kang isine cekak tur aos. Kang ditulis ana ing layang kitir
mung apa kang perlune wae.
Contoh Layang Kitir
Katur mas bayu ing dalem
Wiyose mas yen ndadekake keparenging
penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun ngampil kagunganmu sepedha
motor , arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit ngesti
waluya parakan .
Dene anggonku mbalekake mengko bengi
Parakan ,22 nopember 2009
Adhimu
Sunaryo
2.
Layang Ulem
Layang
Ulem yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane
layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran.
Contoh Layang Ulem
Kula angantu-antu keparengipun rawuh
panjenengan sekaliyan wonten ing
Syukuran supitipun anak kula jaler
kekalih, mbenjang ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah
Legi]
Tanggal : 10 Desember 2006 [20
Dulkaidah Alip 1939]
Pukul : 09.00 enjang
Papan : Gedung Mandiri Kecamatan
Parakan, temanggung
Wasana awit keparengipun rawuh lan
berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.
Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih
3.
Layang Lelayu
Layang
lelayu yaiku layang kang isine ngabarake kesripahan marang sanak sedulur.
Biasane layang lelayu iku kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa
kayata: Mekar Sari, Jaya Baya, Djaka Lodang, lsp.
Contoh
Layang
lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP
Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939)
pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)
(Yuswa 80 taun)
Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa
Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)
4.
Layang Iber-iber (layang Pribadi)
Layang
iber-iber yaiku layang kang isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan
pamrayoga, darbe panyuwun sawijining bab pandonga lan sapanunggalane saka wong
enom marang wong tuwa utawa kosok baline.
Contoh
Layang Iber – Iber
Kang pandonga marang anakku
irawan ing jakarta
wiyose ngger , sarehne sok sasi
ngarep iki adhimu arep disunatake,mula yen ora ana alangan siji apa kowe muleh
sagurunge tanggal sepuluh , seperlu arep dakjak urun rembug.
Wasana banget ing pangarep – arep ku
, lan sapungkure layang iki kabeh kaluwarga
Tansah ginanjar slamet
Parakan. 22 nopember 2009
Wong tuamu :
Suradi
5.
Layang dhawuh
Layang dhawuh
isine prentah saka wong sing pangkate luwih dhuwur marang andhahane utawa sing
pangkate luwih cendhek. (Surat perintah, yaitu surat yang berisi perintah dari
atasan kepada bawahan)
Contoh Layang dhawuh
Para siswa kang
tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 69
Republik Indonesia, OSIS SMA Negeri 2 Surabaya badhe dherek-dherek ngrameaken.
Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan
ingkang badhe kalaksanaaken benjing:
Dinten : Jemuah – Setu
Surya : 15-16 Agustus 2014
Tabuh : 08.00 dumugi paripurna
Papan : Gelora 10 Nopember Tambaksari Surabaya
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Bagus Pramono utawi Sdri. Indah Pratiwi wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.
Surabaya, 8 Agustus 2014
Ketua OSIS,
Tanda Tangan
M. Asyrofi Pramono
Dinten : Jemuah – Setu
Surya : 15-16 Agustus 2014
Tabuh : 08.00 dumugi paripurna
Papan : Gelora 10 Nopember Tambaksari Surabaya
Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS kaliyan Sdr. Bagus Pramono utawi Sdri. Indah Pratiwi wara-wara punika, sageda dipun leksanakaken kanthi saestu. Matur nuwun.
Surabaya, 8 Agustus 2014
Ketua OSIS,
Tanda Tangan
M. Asyrofi Pramono
Layang paturan
Layang paturan yaiku layang sing dikirim andhahan marang
ndheduwuran. Tuladhane pak lurah ngabari marang pak camat yen ing desane
lagi ana garong, padudon, utawa kobongan.
Contoh kagem para peserta
Kanggo kabeh peserta saka lomba
perayaan ing Indonesia Kamardikan hajat dina ing 17 Agustus 2013 ing desa
Shoots tresnaa, Heart Kembang Distrik, Distrik Sang Roh Suci, kanggo ora
ngapusi nalika lagi diputer, amarga lomba perampokan lomba bakal dirawuhi
dening Pak Kepala lan bakal diterbitaké ing budaya Metro bagean .
Nuwun
Panitia lomba
Layang dhines, yaiku layang kang
isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor-kantor
pamarentah marang kantor-kantor liyane utawa marang wong kang ana sesambungane
karo pamarentah.